Mangertosi Tata Upacara Penganten Adat Jawa

Polokrami
inggih menika sawijinipun rerangken upacara ingkang dipun lampahi antawisipun
priya lan wanita kangge ngalalaken sedaya tumindak ingkang magepokan kaliyan
panggesangan salakirabi kangge mujudaken sawijinipun balesorah. Kangge
nglampahi polokrami, tiyang jawi mesti madosi dinten ingkang sae, pramila kedah
disuwunaken pirembugan saking para winasis petungan dinten adhedasar patokan
primbon jawi lan agami.
Sakderengipun
polokrami katidakaken, wonten pinten-pinten bab ingkang kedah dipun tindakaken,
sae kangge calon penganten kakung menapadene putri. Miterat Sumarsono (2007),
tata upacara polokrami adat jawi inggih punika :
Kaping 1 (antawicara)
Inggih punika
pangandikan antawisipun pihak ingkang badhe kagungan kajat mantu kaliyan pihak
calon besan, saking pangandikan sepisan dumugi anggenipun nglamar saha
nemtokaken dinten ingkang gumathok (gethok dina)
Kaping 2 (Paseksen)
Babak punika
mujudaken kangge ngiyataken rembag ingkang disekseni kadang sanes utawi
pinusepuh lan sesepuh kiwa tengenipun dalemipun, kanthi rantamaning acara
inggih punika :
1. Srah-srahan
Inggih punika
nyaosaken saprangkat jangkepan sarana kangge nglancaraken kaleksananipun kajat
ngantos dumugi purna. Menggah saprangkat jangkepan sarana inggih punika.
I) Sesupe
Jane
Ingkang dipun
damel bunder boten wonten pedhotipun. Supados katresnan piyambakipunboten
pedhot sedangunipun gesang.
II) Saprangken
ageman putri
Maknanipun
satunggal la satunggalipun kedah pinter nyimpen pewados dhumateng tiyang sanes.
III) Paesan
ingkang kadamel saking emas, inten, lan sak panunggale
Ngemu surasa
supados calon penganten saget nyupadi supados sumunar lan boten damel suwaning
penganten priya.
IV) Jajanan
pasar
Kadadosan
saking jadah, lapis, wajik, jenang ingkang sedanten kadamel saking beras ketan.
Beras ketan sakderengipun diolah hambur, ananging saksampunipun diolah,wujudipun
dados rumaket. Sakmenika ugi pangarep-arep temanten kekalih supados saget raket
saklawasipun.
V) Woh-wohan
VI) Godhong
suruh
Godhong suruh
punika ngajeng lan wingkingipun benten warna. Ananging menawi dimamah rasanipun
sami mawon. Sakmenika anggadahi surasa menawi temanten kekalih saget jumbuh,
tanpa ngorbanaken benten pamawas.
2. Paningsetan
Lambang
kekiyatanipun pangandikan temanten saget ngawujudaken paningset ingkang
ditengeri dening tukar kalpika dening calon temanten kekalih.
3. Asok tukon
Inggih menika
nyaosaken tukonarupi arta kagem mbiyantu keluwarga penganten putri.
4. Gethok dina
Nggethokaken
dinten kagem ijab qabul lan resepsi. Biyasanipun, keluwarga penganten putri
nggethokaken dinten ijab qabul saking para winasis petungan dinten
Kaping 3 (siyaga)
Wonten ing
babak punika, ingkang gadhah kajat nyedah para sesepuh lan pinisepuh ugi sanak
kadang, kagem ambentuk panitiya kagem nglampahi kegiyatan upacara-upacara adat
wonten ing dinten kajatan. Ingakng dipun cepakaken antawisipun :
1. Sedahan
Inggih
menika ngrakit sedahan ngantos dumugi panganduman.
2. Kumbakarnan
3. Jenggolan utawi Jonggolan
Calon temanten
kekalih lapor dhateng KUA. Tata cara menika asring dipunwestani tandhakan utawi
tandhan, artosipun maringi tanda ing KPS menawi badhe wonten kajatan mantu,
kanthi ijab qabul.
Kaping 4 (Rantamaning Upacara)
Wonten
pirang-pirang perkawis wonten ing babak punika, antawisipun :
1. Pasang
tratag lan Tarub
Pasang tratag
ingkang dilajengaken pasang tarub. Ciri tarub inggih menika ingkang mokoki rerenggan janur lan paesan
liya kanthi manca warni
2. Kembar
Mayang
Saking tembung
kembar tegesipun sami, kaliyan mayang tegesipun sekar jambe utawi Kalpataru
Dewandaru, lambang karemenan lan sugeng. Wondene kawiwahan sampun cekap, kembar
mayang dilabuh wonten ing prapatan
mergi, samudra, lan sapanunggalanipun kagem maksud supados pengantin ugi eling
kaliyan asal-usul gesangipun inggih punika saking Bapak kaliyan Ibu dumados
perantaranipun Gusti Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Barang-barang kagem kembar
mayang inggih punika:
a. Wit
gedhang 2-3, kangge paesan. Kados
biasanipun dipun paringi slemek saking tabung ingkang
kadamel saking kuningan.
b. Empring aur
kangge penusuk (sujen)
c. Janur
kuning, ± 4 lir
d.
Gegodhongan: godhong kemuning, ringin, sarta rencek-rencekipun, godhong
apa-apa, godhong girang kaliyan godhong andhong.
e. Nanas 2,
pilih ingkang sampun mateng kaliyan sami agengipun.
f. Sekar
melati kaliyan mawar merah pethak.
g. Degan 2
dipun oncek kulitipun lan toyanipun sampun ngantos wutah. Ngandhapipun kadamel rata supados mbok bilih diselehaken
mboten ngglindhing kaliyan toyanipun wutah.
3. Pasang
tuwuhan (pasren)
Tuwuhan
katrapaken wonten lawang tumuju papan lenggah pengantin. Tuwuhan kados
biasanipun inggih punika wit-witan ingkang nggadhahi makna:
a. Janur
Mugi supados penganten
ingkang nggadhahi nur utawi cahya terang saking Ingkang Maha Kuwaos.
b. Godhong
Kluwih
Mugi
kajatanipun mboten wonten kekiranganipun, mbokbilih malah angsal kaluwihan
saking ingkang dietangaken.
c. Godhong
waringin lan rencek-rencekipun
Dipendhet
saking tembung pengen , tegesipun cita-cita ingkang diremenaken mugi-mugi
katindakaken.
d. Godhong
dadap serep
Saking tembung
rep, tegesipun adem, teduh, tentrem, lan mboten wonten gangguan.
e. Pari
sewuli
Nggadhahi
teges, saya wonten isinipun saya merunduk. Mugi kedah kaluwihan lan kacukupan
gesangipun, saya entheng suku kaliyan astanipun kaliyan kedah siyap mbiyantu
sami ingkang kakirangan.
f. Cengkir
gadhing
Toya degan,
inggih punika toya suci resik, kang lambing menika mugi tresna piyambakipun
tetep suci dumugi akhir hayatipun.
g. Setundhun
gedhang raja suluhan
Mugi mbenjang
nggadhahi wateg ingkang sami kaliayan raja hambeg para marta ingkang ngutamaken
kepentingan umum.
h. Tebu ulung
watangan
Antepanipun
kalbu, yen sampun mantep nemtoken pilihan, mboten menga-mengo tengen kaliyan
kiwa mlalih.
i. Sekar
kaliyan woh kapas
Mugi kekalih
penganten mbenjang mboten kekirangan sandhang, pangan, kaliyan papan, kedah
pas, mboten pas-pasan.
j. Sekar
setaman dibokor
Mugi
gesangipun kekalih pengantin kedah padhang kaya dene sekar ing taman.
4. Siraman
Ubarampe
ingkang kedah disiapaken awujudipun toya sekar setaman, inggih punika toya
ingkang kapendhet saking 7 sumber toya mata air ingkang disukani sekar setaman
inggih menika mawar, melati kaliyan kenanga. Ingkang gadhahi tahap punika :
- Calon pengantin nyuwun donga
pangestunipun kaliyan kekalih tiyang sepuh.
- Calon mantunipun lenggah ing tikar
pandan papan siraman.
- Calon penganten disiram kaliyan pini
sepuhipun, tiyang sepuhipun, lsp.
- Disiram ngangge toya kendhi kaliyan
bapak ibunipun kaliyan dicuraken ing rai, sirah lan
awakipun calon penganten. Menawi toya
kendhinipun telas, kendhinipun lajeng dipecah asas kaluyan ngunjukake “niat ingsun ora mecah
kendhi, nanging mecah pamore anakku asaaawadon”.
5. Adol dhawet
Upacara menika
kalaksanakaken saksampunipun siraman. Penyadenipun inggih punika ibu calon
penganten putri ingkang dipunpayungi kaliyan bapakipun. Ingkang mundhut inggih
punika para tamu kanthi arta pecahan kreweng . Upacara punika ngandhut pangajab
supados mangke wektu upacara panggih lan walimahan, kathah tamu lan rezeki
ingkang dhateng.
6. Midodareni
Midodareni
inggih menika ndalu sakderengipun akad nikah, inggih menika ndalu nguwalaken
masa lajang kagem kekalih calon
penganten. Adicara punika kalaksanakaken wonten ing griyanipun calon penganten
putri. Saklebetipun adicara punika wonten adicara nyantrik kangge mestekaken
calon penganten kakung saged rawuh wonten ing akad nikah lan kangge bukti bilih
kaluwarga calon penganten putri sampun siap nglaksanakaken upacara wonten ing dinten saklajengipun.
Midodareni saking tembung
widodareni saklajengipun dados
midodareni ingkang tegesipun ndamel kahananipun calon penganten putri kados
dene widodari. Wonten ing donya pewayangan kaayunipun lan kabagusanipun calon
penganten kaibarataken kayadene Dewi Kumaratih lan Dewa Kumajaya.
Kaping 5 (Pucuk adicara)
1. Ijab qobul
Kadadosan
penting wonten hajatan mantu inggih punika ijab qobul. Kekalih calon
penganten ngucapaken sumpah wonten ing
ngajengipun naib ingkang dipunsaksekaken wali, pinisepuh lan tiyang sepuh
kekalih kaliyan para tamu undangan. Wektu akad nikah, ibu saking kekalih,
mboten ngagem subang utawi giwang supados wujudaken keprihatinan kadadosan
nikahaken utawi ngentasaken putra.
2. Upacara
panggih
Wondene
reroncening adicara upacara panggih inggih punika;
I. Liron
kembang mayang
Kekalih calon
penganten tukar kembang mayang, gadahi teges manunggalaken cipta,rasa, lan
karsa kangge sareng-sareng mujudaken kabahgyan kaliyan kawilujengan.
II. Gantal
godhong suruh
dipungulung alit dipuntaleni bolah putih ingkang dipununcalaken kaliyan
piyambak-piyambak penganten, kanthi pangajab mugi sadaya godha bakal musna keno
uncalan punika.
III. Ngidak
endhog
Penganten
kakung ngidak endhog pitik ngantos pecah kagem simbol seksual kekalih penganten
sampun pecah pamoripun.
4. Sukunipun
temanten kakung dipun wijiki dening temanten putri
Wijik
ginakaken toya sekar setaman gadhahi amakna supados winih ingkang dipun
kasilaken resik saking tindakipun ingkang reged.
5. Ngunjuk
toya degan
Toya menika
dipun anggep kangge lambang toya gesang, toya ingkang suci lan toya nai
(manikem)
6. Dipun
kepyok ginakaken sekar warna warni
Ngandhut
angen-angen supados keluwarga ingkang dipun bina saged raos suka lair lan batinipun.
7. Mlebet ing
pasangan
Maknanipun
pinanganten ingkang sampun dados pasangan gesangipun kedah siap makarya
nindakake kuwajibanipun.
8. Sindur
Sindur utawi
isin mundur, tegesipun boten cepet gela ngadepi tantangan pagesangan.
9. Timbangan
Bapa saking
temanten putri lenggah wonten ing antaranipun pasangan temanten kakung, suku
ingkang kiwa dipun lenggahi temanten putri.
Isinipun pacelaton singkat antarane bapa lan ibu temanten putri inggih punika temanten sampun imbang.
10. Kacar-kucur
Temanten
kakung ngucuraken asilipun dhumateng temanten putri ingkang awujud arta receh
lan kelengkapanipun. Ngandhut artos temanten badhe tanggung jawab nyaosi nafkah
dhateng keluwarganipun.
11. Dulangan
Temanten
kakung lan temanten putri pada dedulangan . wonten maknanipun tutur adilinuwih
dipun lambanganken ngangge sanga tumpeng ingkang nggadahi makna:
a. Tumpeng tunggarana : supados kedah eling dhumateng
Gusti.
b. Tumpeng puput : wanton piyambak.
c. Tumpeng bedhah Negara : nyatunipun kakung lan putrid
d. Tumpeng sangga langit : bektos dhumateng tiyang sepuh
e. Tumpeng kidang soka : dados ageng lan alit.
f. Tumpeng pangapit : raos seneng lan duka inggih punika saking Gusti Ingkang Maha
Kuwaos
g. Tumpeng manggada : wonten donya punika boten
wonten ingkang abadi.
h. Tumpeng pangruwat : kedah bektos dhumateng mara sepuhipun.
i. Tumpeng kesawa : wejangan supados sregep
makarya.
3. Sungkeman
Sungkeman
ungkapan bektos dhumateng tiyang sepuh, lan nyuwun donga pangestu. Caranipun
jongkok, nyepeng dengkulipun tiyang sepuh temanten putri, dipun wiwiti saking
temanten putri dipun dherekaken temanten kakung, lajeng dhumateng tiyang
sepuhipun temanten kakung.
4. Boyongan
Inggih menika
pihak keluwarga temanten kakung mboyong temanten putri dhateng dalemipun temanten
kakung saksampunipun pahargyan pawiwahan, biasanipun saksampunipun sapeken (5
dinten).
Izin copas bang buat tugas makalah sekolah..
ReplyDeletebl: Cara mengatasi anyang-anyangan
Sudah menjadi SALAH KAPRAH. Pelaksanaan PANGGIH dengan IJAB.
ReplyDeleteKebanyakan tulisan mengatakan acara panggih HARUS DILAKSANAKAN setelah acara IJAB. Coba kita bertanya MENGAPA …. ???? inilah karena kita mencampuradukkan antara pernikahan ADAT dengan pernikahan AGAMA.
Harusnya TIDAK BOLEH begitu. PERNIKAHAN AGAMA itu sifatnya HARUS MENGESAHKAN terjadinya PERNIKAHAN ADAT. Bukan sebaliknya.
Apa sebenarnya yang terjadi manakala IJAB dulu baru PANGGIH. Yang terjadi adalah SELURUH rangkaian acara mulai dari pemasangan BLEKETEPE sampai dengan Malam Midodareni …. menjadi GUGUR MAKNANYA … karena SEBELUM acara PANGGIH, kedua calon Pengantin SUDAH HARUS KETEMU DULU …. untuk kepentingan ACARA IJAB.
Kalau kita mau melaksanakan secara benar, seharusnya acara PANGGIH dilaksanakan dahulu, kemudian baru DISAHKAN SECARA AGAMA dengan proses IJAB KABUL, atau Penerimaan Sakramen Perkawinan, atau acara keagamaan lainnya yang sifatnya MENGESAHKAN rangkaian acara ADAT tersebut. Setelah SAH baru RESEPSI.
Dengan demikian, Makna acara adat secara LENGKAP terpenuhi, dan PENGESAHAN SECARA AGAMA juga terpenuhi.
Demikian semoga para Juru Paes memahami peran AGAMA sebagai YANG MENGESAHKAN PERNIKAHAN TERSEBUT, tanpa mengurangi MAKNA LUHUR RANGKAIAN UPACARA ADAT yang Adi Luhung warisan Leluhur kita.
terimakasih bang tugas saya selesai
ReplyDelete