Kali ini saya akan berbagi Cerita Rakyat Beserta Analisanya (BAHASA JAWA) dan Cerita yang akan dianalasa berjudul JAKA TINGKIR langsung saja ke Cerita...
Jeneng
asline yaiku Mas Karebet, putra saka Ki Ageng Pengging. Jeneng mau, asale saka
bapakke nanggap wayang beber ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet
umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan
Demak. Ora sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening
Nyi Ageng Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru.
Mas
Karebet nyinau ilmu agama. Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru
maneh menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng
sedulurke karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki
Panjawi. Jaka Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak,
dheweke mangggon ing omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah
ganjur (ngurusi mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah
wiratamtama.
Ing
sawijining dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir
kang diutus mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane
pamer lan umuk, arane Dadungawuk Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon
prajurit iku banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika.
Marga saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak
Jaka
Tingkir banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah
kang bisa ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro. Saka
Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng
Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil.
Rombongane
Jaka Tingkir ngliwati kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boro. Ing
tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu
kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka
Tingkir nganti tekan sebrange kali.
Tumekane
ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan
digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa
ngadepi polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan
ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora
angel anggone Jaka Tingkir ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan
Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh.
Kasektene
Jaka Tingkir, ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi
Adipati Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana.
Sawuse Sultan Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto
ngganteni dadi ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang kang isih
kapetung sedulur saka Jipang. Aryo Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat
(putra mantu Sultan Trenggana kang dadi bupati Jepara).
Arya
Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan
Pajang utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah.
Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga
isih ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara
terang-terangan.
Mula dheweke
nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan
Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara mau. Lan
kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng
Pemanahan).
Sawuse
prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang
Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang
sepisanan.Sultan Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar
Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi
pangkat ngabehi.
Ki Panjawi
antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng Pemanahan
isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram. Nganti
taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan
pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau,
coba nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga
dheweke was sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair
keraton kang bakale ngasorake Pajang.
Sunan
Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib
sumpah prasetya mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan
wajib ngadep mring Pajang.
Ki Ageng
Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram ing
tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya ora gelem menehi laporan
uga ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan (ponakane
Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton( anakke Hadiwijaya),
Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang
Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang
kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang
saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luuput dening Hadiwijaya, banjur
Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse
kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake
ana ing Desa Butuh, Sragen.
Ana ing
kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura.
Nanging Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan
ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah prajurit pratama.
Ing sawijine
dina, Sultan Demak perlu nambah 400 prajurit tamtama. Calo-calon lurah mau kudu
wong sing kuwat, lan sigap. Ing pendapa Kraton Demak dibuka lamaran kango
ndaftar prajurit tamtama. Salah sijine kang ndaftar yaiku Dadungawu. Dheweke
jejaka saka desa sacedhake Kraton Demak. Praupane medeni, kumisi dawa, kurang
tata krama, lan suba sita. Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong
kang kebal marang kabeh jenise gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna.
Meruhi
Dadungawu kang duweni sipat kang kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng.
Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji
nganggo sada kang ditujes karo godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu
kalah lan dadi patine.
Sultan
Demak kang mireng kabar mau nesu, geneya uwong kang ora salah kok dipateni.
Jaka Tingkir kang rumamgsa salah, budhal saka Demak lan ngumbara saparan-
paran. Jaka Tingkir tekan ing Desa Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh.
Sawise ilmu kang diduweni karo Ki Ageng Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka
Tingkir, dheweke didhawuhi supaya bali ngabdi marang Demak.
Ing
alun-alun Kraton Demak ana kedadeyan kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi
ngamuk ora ana prajurit apa dene uwong biyasa kang bisa ngalahake kebo mau.
Sultan kang mirsani yen Jaka Tingkir ana ing pingir alun-alun, ngutus marang
prajurite supaya mrentah marang Jaka Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka
tingkir kang wis duweni ilmu kang akeh saka Ki Ageng Butuh, langsung maju ing
tengah alun- alun lan dheweke gampang wae anggone ngalahake kebo mau.
Sultan
Demak kang mirsani sekabehane, langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan. Ana
ing Kraton Demak, karo Sultan Demak kabeh salah kang wis tau digawe karo Jaka
Tingkir dingapura, lan dheweke diangkat dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo
tandha pasrah marang Sultan Demak, Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala.
Lan dadi lurah kang apik, tanggung jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra
mantune Sultan Demak.
Berikut adalah hasil analisa Saya bersama teman - teman saya...
Judul : Jaka Tingkir
Tema : Riwayat jaka tingkir
Alur : Maju, Amargi “Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging
diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan Demak. Ora sawetara suwe
ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir. Dheweke
pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru.”
Latar : Latar panggonan : Demak
Latar Wektu : 1549
Latar Suasana : Campuran
Penokohan
:- Mas Karebet (Jaka Tingkir) = apik, sekti, tanggung jawab
Penokohan
:- Nyi Ageng Tingkir = Apik, seneng nulung
Penokohan
:- Ki Ageng Sela = Apik, seneng nulung, bijaksana
Penokohan
:- Sultan Trenggana = Apik, seneng nulung lan bijaksana
Penokohan
:- Dadungawuk = Pamer lan umuk
Penokohan
:- Ki Ageng Banyubiru = apik lan seneng nulung
Penokohan
:- Sultan Demak = apik lan bijaksana
Penokohan
:- Arya Penangsang = ala lan seneng mateni wong
Penokohan
:- Ratu Kalinyamat = apik
Penokohan
:- Sultan Hadiwijaya = apik, adil lan bijaksana
Penokohan
:- Ki Ageng Pemanahan = apik, sekti, nepati janjiPenokohan
:- Kebo = ala, ngamukan
Penokohan :- Kebo = ala, ngamukan
Penokohan :- Sunan Kalijaga :- apik, ngalim, sekti lan bijaksana
Sudut
pandang : wong ke telu
Amanat/pesan
: nek dadi wong penting kudu apik lan tanggunng jawab
Gaya
Bahasa : ngoko alus
Post a Comment